Ternyata hikmah ingkang dipunangsal tiyang ingkang kurban inggih meniko nebus dosa-dosa ingkang sampun keliwat, lan arep-arep pangapuro saking Allah SWT. Kados wonten lebetipun hadist,
“Hai Fatimah, ngadeko ing sebelah kurban siro lan sekseni, saktemene tetesan getih kang awal iku dadi pangapuro kanggo siro atas dosa-dosa kang keliwat.” (HR. al-Bazzar lan Ibn Hibban).
اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ
Hadirin ma’asyiral muslimin rahimakumullah, hikmah kurban ingkang kaping gangsal inggih meniko ningkataken welas asih dhateng sinten mawon.
Kurban inggih meniko tuladha ingkang lengkap sanget. Dhateng kewan ternak piyambak, dipunanjuraken supados milih kewan ingkang saras mboten penyakiten, dipuntambah malih kaliyan lading/pedang ingkang landhep supados mboten nyakiti kewan kasebat.
Lajeng dhateng sesami muslim, menopo malih muslim ingkang mboten mampu berkurban. Kelawan wontenipun kurban, keakraban lan welas asih antar sesami terbangun kanthi erat sanget.
Baca Juga: Matahari dan Bulan Masuk Neraka pada Hari Kiamat, Apa Dosanya?
Antawisipun setunggal lan lintunipun sami-sami ngraosaken daging kurban. Menopo malih welas asih Allah dhateng kawilanipun naliko nglampahaken kurban.
Hikmah ingkang pungkasan inggih meniko saben helai wulu kewan kurban badhe dipunwangsuli setunggal kesaenan. Rasulullah SAW bersabda,
بكل شعرة حسنة قلنا يا رسول الله فالصوف ؟ قال : فكل شعرة من الصوف حسنة
“Setiap siji rambut kewan kurban yoiku siji kebagusan.” Lajeng, sahabat tanglet, “Menawi wulu-wulunipun?” Piyambakipun mangsuli, “setiap wulu ugo siji kebagusan.” (HR Ahmad lan Ibnu Majah).
Jama’ah sholat Idul Adha ingkang dirahmati Allah, kesimpulanipun inggih meniko, kelawan niat ingkang ikhlas lan kewan qurban ingkang netepi syarat ingsya Allah kito bakal angsal menopo ingkang sampun dipun janjikaken Allah dhateng kito sami.
Aamiin allahhumma aamiin.
بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي القُرْأنِ العَظِيْمِ وَنَفَعَنِي وَاِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ ال اَيَاتِ وَ ذِكْرِالحَكِيْمِ وَ تَقَبَّلَ اللهُ مِنِّي وَمِنْكُمْ تِلَاوَتَهُ اِنَّهُ هُوَ السَّمِيْعُ العَلِيْمِ
Khutbah II
اللهُ اَكْبَرْ (3×) اللهُ اَكْبَرْ (4×) اللهُ اَكْبَرْ كبيرا وَاْلحَمْدُ للهِ كَثِيْرًا وَسُبْحَانَ الله بُكْرَةً وَ أَصْيْلاً لاَ اِلَهَ اِلاَّ اللهُ وَاللهُ اَكْبَرْ اللهُ اَكْبَرْ وَللهِ اْلحَمْدُ
Artikel Terkait
Materi Khutbah Jumat Paling Pendek dan Menyentuh Hati tentang Kematian Edisi Terbaru dan Paling Bagus
Materi Khutbah Jumat Singkat dan Menyentuh Hati Berjudul Menata Niat sebelum Berangkat Haji Edisi Juli 2022
Materi Khutbah Jumat Singkat, Padat dan Bermakna Edisi Juli 2022 dengan Judul Sabar Atas Kesulitan Hidup
Contoh Materi Khutbah Jumat Singkat tentang Akhlak yang Bertajuk Raih Surga dengan Akhlak yang Mulia
Materi Teks Khutbah Jumat Singkat Jelang Idul Adha dengan Tajuk Tiga Kedudukan Manusia Edisi Juli 2022